Belajar Ikhlas Ala Samin

Belajar Ikhlas ala Samin

Parjo : Kang, sampeyan ngenehi duit wong ngemis mau yo ?
Samin : Iyo.
Parjo : Sampeyan diapusi, wong sing ngemis kae mau asline sugih, sapine akeh…
Samin : Ngapusi iku dudu urusanku. Kuwi urusane dekne karo Gusti Alloh
=================

Parjo : Lho sendalmu endi kang? Kok cekeran?
Samin : Ilang.
Parjo : Ora mbok golek’i … sopo sing nyolong?
Samin : Ora, aku biyen lahir yo ora sandalan.
=================

Parjo : Kang, sampeyan dirasani karo Joyo.
Samin : Ben wae.
Parjo : Sampeyan ora nesu
Samin : Lha saiki kowe yo ngrasani Joyo. Joyone yo ra nesu.
=================

Parjo : Kang, pitikmu dipangan asune Joyo.
Samin : Wes ben.
Parjo : Kok sampeyan biasa wae? Ora njaluk ganti?
Samin : Aku malah kaget ngko nek pitikku sing mangan asune si Joyo.
=================

Parjo : Kang, wes mangan?
Samin : Durung.
Parjo : Mreneo tak wenehi duit.
Samin : Wegah. Aku ra doyan. Panganen dewe yen kowe doyan duit.
=================

Parjo : Kang, tanduranmu rusak dipangan weduse Joyo.
Samin : Ben wae. Untung doyane tanduran. Yen weduse doyan papan, malah omahku sing dipangan.
=================

Parjo : Kang, kowe ki ket mau mlaku ngalor ngidul ….. ora jelas?
Samin : Lha yo kuwi. Nek jelas, mesthi aku mlaku ngalor thok opo ngidul thok.
=================

Parjo : Kang, klambi sing tok pepe dicolong uwong.
Samin : Ben. Wong yo salahku dewe, aku mepe klambi tak pamer2ke ning njobo.
=================

Parjo : Kang, kok mung mlaku ? Lha jaran sing biasa tok tumpaki nang endi?
Samin : Ilang,,, alhamdulillah
Parjo : Kok malah alhamdulillah karo ngguya-ngguyu ki piye to ?
Samin : Lha untunge pas dicolong, aku ora pas numpak jaran, Nek pas tak tumpaki aku ra` yo katut ilang to ?…..
=================

Parjo : Kang, bayarane Joyo luweh gede timbang bayaranmu lho.
Samin : Ben.
Parjo : Kan ora adil.
Samin : Adil iku ora kudu podo. Kowe tak pakani katul podo karo pitik yo emoh to?
=================

Parjo : Kang, pelem-mu dicolong Joyo.
Samin : Ben.
Parjo : Kok ben?
Samin : Lha kowe kok sirik to ? Biasane yen dicolong codot aku yo meneng wae kok….
=================

Parjo : Kang, jare wingi omahmu kelebon maling?
Samin : Iyo.
Parjo : Lho, kok iyo? Berarti sampeyan ngerti?
Samin : Ngerti. Tapi aku ngumpet mergo isin ra duwe barang sing apik sing iso dimaling….
=================

Nek awakmu sanggup koyo Samin, uripmu bakal ayem tentrem….. la menurutmu iki penting, ayo di share lurd, ojo mung di woco dewe, ben luwih migunani ilmu ne.. suwun

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *

© 2024 universalscout.com - WordPress Theme by WPEnjoy